Rabu, 04 November 2015

RUWATAN

RUWATAN
Yaiku upacara kang dianakake kanggo ngresiki bocah sukerta. Ana ing bebyaran Jawa tansah nguri-nguri lan nglestarekake upacra-upacara adat kang ana ing tengah-tengah bebyaran. Kajaba kuwi  uga nindakake upacara kang ana gandheng cenenge karo gugon tuhon. Upamane bocah sukerta. Manut kapercayan Jawa,bocah sukserta iku dadi pangane Bathara Kala. Bocah sukserta dianggep bocah kang reged ora suci,mulih amrih slamet uripe kudu diruwat(diresiki) dhisik. Bocah sukserta kudu di ruwat ditanggapeke wayang lakone Murwakal,Kunjara Karna utawa Sutosoma. Ana ing acara ruwatan,bocah sing diruwat,wong tuwone,tangga teparo,sanak sadulur padha nglumpuk. Sarjoning upara mau kabeh padha ngeningkake cipta sarta padha nyenyuwun murih kabul panyuwune.
Bocah sukserta iku keperang dadi loro:
1.       Amarga kodrat
2.       Amarga tumindake utawa pakulinan kang ditindakake

0 komentar:

Posting Komentar