Pucung (ana kalané tinulis pocung) iku tembang macapat kang ngélingaké marang pepati. Pucung cedhak karo tembung pocong. Kaya pralambang mori kanggo mbungkus layon, pucung dienggo tembang kang bisa ngélingaké marang manungsa yèn urip ing ndonya ana pungkasané.
Ananging Pucung uga nduwé watak liya. Pucung iku jenengé wiji woh-wohan. Wanda cung uga marai gawé rasa seger kang ngélingaké marang perkara kang lucu kaya déné isih jaman dikuncung. Tembang iki asring dienggo tembang-tembang kang uga lucu, kayata parikan utawa bedhèkan.
Tembang Pucung mung ana patang gatra (larik) saben pada (bait).
- 12-u
- 6 -a
- 8 -i
- 12-a
Tuladha
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
setya budya pangekesing dur angkara
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
setya budya pangekesing dur angkara
Sekar pucung, dadi tamba ati bingung
Panglipuring rasa
Murih yuwana basuki
Marga-marga maweh berkahing Bathara
Semar iku, sugih tangis sugih guyu
Uga sugih utang
Nanging uga sugih dhuwit
Wis kaloka Kyai Semar sugih reka
jujur saya ingin belajar bahasa Jawa, karena kebutuhan studi saya
BalasHapusAlhamdulillah aku kelingan marang swargine bapak mbiyen Maliki aku isih cilik Yen sore rampung adus aku dilebokke sarunge bapak Karo ditembangke tembang Pogung...... Oh bapak bapak doa kang putra Mugi bapak tansah dipun Tresnani Kalitan Gusti Allah SWT aamiin
BalasHapus