Jumat, 20 November 2015

ASAL USULE AKSARA JAWA

Miturut paniti priksane para sarjana, aksara jawa iku asale saka aksara kawi. Dene aksara  jawi iku dhewe, satemene gaweyane (asil pengriptane) wong jawa dhewe sanajan ta adhedhasar saka aksara pallawa saka india , kang uga dadi dhasaring aksara dewa-nagari. Dadi yen mangkono  ing jaman kunane aksara jawa iku nunggal asal karo aksara Dewanagari.

Bab iki tinemu ana ing prasasti-prasasti tetinggalan barang kuna kang tinulis nganggo aksara ing jaman iku. Kayata umpamane :
1.       1.Ing Palembang, tinemu prasasti kang tinulis kanggo aksara pallawa.
2.        2.Tulisan kang tinemu ing candhi kalasan, tinulis nganggo aksara Nagari (Praenagari).
3.        3.Tulisan-tulisan kang tinemu ing sacedhake kalasan, kang tinulis ana ing watu-watu utawa barang-barang logam katulis nganggo aksara kawi.
        Dene aksara jawa saiki iki, wes akeh banget owahe lan akeh ampere karo aksara kang tinulis ing godhong lontar, kang tinemu ing bali.
        Aksara jawa kang baku , cacahe ana 20 aksara kang kabeh wis awujud wanda legena(wanda swara:a). mula, yen arep diwujudake wanda sigeg, kudu disigeg sarana dipasangi utawa kapangku.
       Saka 20 aksara mau,katata dadi 4 gatra, kacundhukake karo dongeng “dora sambada” dhek jamane ajisaka.

0 komentar:

Posting Komentar