SMP N 3 MRANGGEN

Selamat datang di blog saya, Saya guru Bahasa Jawa di SMP NEGERI 3 MRANGGEN

Jumat, 20 November 2015

ASAL USULE AKSARA JAWA

Miturut paniti priksane para sarjana, aksara jawa iku asale saka aksara kawi. Dene aksara  jawi iku dhewe, satemene gaweyane (asil pengriptane) wong jawa dhewe sanajan ta adhedhasar saka aksara pallawa saka india , kang uga dadi dhasaring aksara dewa-nagari. Dadi yen mangkono  ing jaman kunane aksara jawa iku nunggal asal karo aksara Dewanagari. Bab iki tinemu ana ing prasasti-prasasti tetinggalan barang kuna kang tinulis nganggo aksara ing jaman iku. Kayata umpamane : 1.       1.Ing Palembang,...

Kamis, 05 November 2015

Cerkak

Cerita cekak utawa cerkak adalah mubarang bentuk karangan nduwe bentuk prosa naratif fiktif lan nggunakne Basa Jawi jero panulisane. Cerkak cenderung padat lan teras nang tujuane, dibandingna karo cerito fiksi sing luwih dawa kaya novel. Cerkak sukses nyandhalake teknik-teknik sastra kaya tokoh, alur, tema, basa, lan insight sacara luwih amba dibandingna karo fiksi sing luwih dawa.  Cerkak cenderung kurang kompleks dibandingna karo novel. Cerkak biyasane muserke gatekan nang siji kedaden, nduweni siji plot, setting sing tunggal, cacah tokoh...

Rabu, 04 November 2015

S A N E P A

1.Ambune arum jamban: Ambune banger 2.Awake kuru semangka: Awake lemu banget 3.Balunge aros debok: Balunge empuk banget 4.Barange aji dodhong garing: Barange ora aji banget 5.Bobote abot kapuk: Bobote entheng banget 6.Bobote bot merang segendheng: Bobote etheng banget 7.Cahyane abang dluwang: Cahyane pucet banget 8.Dedege dhuwur kencur: Dedege cendek banget 9.Enggale suwe banyu sinaring: Wektune cepet banget 10.Eseme pahit madu: Eseme manis banget 11.Kawruhe jeru tapak meri: Kawruhe sethithik banget 12.Kulitane wuled godhong lumbu: Kulite...

RUWATAN

RUWATAN Yaiku upacara kang dianakake kanggo ngresiki bocah sukerta. Ana ing bebyaran Jawa tansah nguri-nguri lan nglestarekake upacra-upacara adat kang ana ing tengah-tengah bebyaran. Kajaba kuwi  uga nindakake upacara kang ana gandheng cenenge karo gugon tuhon. Upamane bocah sukerta. Manut kapercayan Jawa,bocah sukserta iku dadi pangane Bathara Kala. Bocah sukserta dianggep bocah kang reged ora suci,mulih amrih slamet uripe kudu diruwat(diresiki) dhisik. Bocah sukserta kudu di ruwat ditanggapeke wayang lakone Murwakal,Kunjara Karna utawa...

CONTOH PIDHATO PERPISAHAN

Assalamualaikum Wr. Wb. Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani. Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan. Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking...

Minggu, 01 November 2015

Conto Pawarto Panyebar Semangat

Kepleset, Siswa SMP Tiwas Evi 15 taun, salah satunggaling siswi SMPN Tangen, Sragen, Rabu (13/4) antawis jam 10 tiwas sasampunipun dhawah ing wewengkon air terjun jumog jati, kecamatan Jenawi. Warga dusun Bagu kroderan, Grobogan punika dhawah ing wewengkon air terjun ingkan inggilipun 20 meter sasampunipun kepleset ing watu-watu ingkan wonten nginggil air terjun. Satemah piyambakipun nandhans wawu awrat ing perangan sirah lan badanipun. Manut katrengan ingkang dipunklempakaken saking kepolisian kaliyan kancanipun sami lelenggahan ing pinggir...

Rabu, 28 Oktober 2015

Tembang Dolanan

TEMBANG DOLANAN Tembang dolanan iku jinis tembang sing prasaja, biasa ditembangake dening bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancane. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalane.  Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit. Iki kaca kanggo ngumpulake syair tembang dolanan utawa tembang sing kerep diunekke bocah-bocah. Cublak-cublak...