SMP N 3 MRANGGEN

Selamat datang di blog saya, Saya guru Bahasa Jawa di SMP NEGERI 3 MRANGGEN

Belajar Budaya Jawa

Belajar Bersama Bahasa Jawa dengan Menyenangkan

Tips dan Trik

Berbagi Pengetahuan tentang kesehatan dan lingkungan hidup

Pembelajaran Berbasis TIK

Meningkatkan Pengetahuan Siswa tentang Perkembangan Teknologi. Dan membiasakan siswa melakukan pembelajaran online

Proses Pembuatan Blog

Mencoba Menjadi Profesional dalam hal apapun ,Termasuk membantu siswa dalam pembuatan Blog dengan tema "Bakti Siswa Kepada Guru"

Rabu, 28 Oktober 2015

Tembang Dolanan

TEMBANG DOLANAN
Tembang dolanan iku jinis tembang sing prasaja, biasa ditembangake dening bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancane. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalane. 
Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.
Iki kaca kanggo ngumpulake syair tembang dolanan utawa tembang sing kerep diunekke bocah-bocah.
  • Cublak-cublak suweng
  • Gajah gajah
  • Gambang Suling
  • Gundhul Pacul
  • Jamuran
  • Jaranan
  • Kidang Talun
  • Kupu Kuwi
  • Lir Ilir
  • Menthok Menthok
  • Padhang Bulan
  • Pitik Tukung
  • Suwe Ora Jamu
Cublak-cublak suweng iku sawijining tembang dolanan, sing biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik sinambi dolanan bebarengan kanca-kancané.
Cublak cublak suweng
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé gosong
Sir sir pong dhelé

Gajah-gajah kuwi salah sawijining tembang dolanan sing kerep ditembangaké déning bocah-bocah cilik nalika utawa sinambi dolanan. Surasa tembang Gajah gajah kaya tinulis ing ngisor iki:
Gajah, gajah, mréné tak kandhani jah
mripat koyo laron, siung loro, kuping gedhé
kathik nganggo tlalé
buntut cilik, tansah kopat kapit
sikil koyo bumbung
mung mlakumu mégal mègol

Gundhul Pacul amujudaké tembang bocah-bocah kang populèr ing Jawa Tengah. Tembang iki kalebu tembang lelucon. Surasané tembang kasebut, koyo kang tinulis ing ngisor iki:
Gundhul gundhul pacul cul, gembèlengan
nyunggi nyunggi wakul kul, gembèlengan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
Lirik tembang Gambang Suling:
Gambang suling, ngumandhang swarané
thulat thulit, kepénak uniné
uuuuniné mung
nreyuhaké ba-
reng lan kentrung ke-
tipung suling, sigrak kendhangané

Tèks tembang Menthog Menthog:
Menthok, menthok, tak kandhani
mung rupamu, angisin-isini
mbok yo ojo ngetok, ono kandhang waé
enak-enak ngorok, ora nyambut gawé
menthok, menthok ... mung lakukumu megal megol gawé guyu

Tembang Macapat

TEMBANG MACAPAT
Macapat adalah lagu/tembang tradisional klasik Jawa. Macapat juga bisa ditemukan dalam kebudayaan Bali, Madura, dan Sunda. Apabila diperhatikan dari asal-usul bahasanya(kerata basa), macapat berarti maca papat-papat(membaca empat-empat).Cara membaca terjalin tiap empat suku kata. Macapat diperkirakan muncul pada akhir Majapahit dan dimulainya pengaruh Walisanga di Jawa. Tetapi perkiraan tersebut masih belum pasti, karena tidak ada bukti tertulis yang bisa memastikan. Macapat banyak digunakan di dalam beberapa Sastra Jawa Tengahan lan Sastra Jawa Baru. Kalau dibandingkan dengan Kakawin, aturan-aturan dalam macapat lebih mudah. Kitab-kitab zaman Mataram Baru, seperti Serat Wedhatama, Serat Wulangreh, Serat Wirid Hidayat Jati, Serat Kalatidha, dan yang lainnya disusun dengan lagu ini. Aturan-aturan tersebut ada pada:
  • Guru gatra : jumlah gatra/baris tiap bait.
  • Guru wilangan : jumlah suku kata/wanda tiap gatra/baris.
  • Guru lagu : jatuhan suara suku kata tiap gatra/baris.
Urutan tembang macapat tersebut seperti tersebut di bawah ini:
  • Maskumambang
Menggambarkan bayi masih dalam kandungan ibunya, yang belum diketahui jenis kelaminnya, kumambang berarti mengambang dalam kandungan ibu.
  • Mijil
Berarti sudah dilahirkan dan jelas laki-laki atau perempuan.
  • Sinom
Berarti masa muda, yang paling penting untuk pemuda adalah mencari ilmu sebanyak-banyaknya.
  • Kinanthi
Dari kata kanthi atau tuntun yang berarti dituntun supaya bisa menjalani kehidupan di dunia.
  • Asmarandana
Berarti cinta, cinta laki-laki kepada perempuan atau sebaliknya yang merupakan takdir Ilahi.
  • Gambuh
Dari kata jumbuh / bersatu yang berarti apabila sudah bersatu dalam cinta, perempuan dan laki-laki tersebut bisa menjalani hidup bersama.
  • Dhandhanggula
Menggambarkan kehidupan manusia dalam kebahagiaan ketika berhasil meraih cita-cita.Menemukan jodoh, melahirkan anak, kehidupan yang sejahtera, dsb.
  • Durma
Dari kata darma / sedekah. manusia jika sudah merasa hidup cukup, dalam dirinya tumbuh rasa kasih sayang kepada sesamanya yang sedang kesusahan, sehingga akan tumbuh keinginan untuk berbagi.Hal tersebut didukung juga dari moralitas agama dan watak sosial manusia.
dari kata mungkur yang berarti menyingkirkan hawa nafsu angkara murka.Yang menjadi prioritas hidup adalah keinginan unutk berbagi dan peduli dengan sesama.
Dari kata megat roh/pegat rohe atau terpisahnya nyawa, ketika takdir kematian datang.
Ketika tinggal jasad tersisa, dibungkus dengan kain mori putih atau dipocong sebelum dikuburkan.

Minggu, 25 Oktober 2015

Cangkriman

Tegese Cangkriman
Cangkriman yaiku unen unen utawa tetembung kang kudu dibatang itawa di bedhek maksude. Cangkriman uga di arani badhekan utawa batangan. Cangkriman kaperang dadi papat, yaiku :
a). Awujud tembung wancahan (cekakan), tuladha (contoh)
  • Pak beletos : Tapak kebo lelene satus
  • Pak bomba, pak lawa, pak piyut = tapak kebo amba, tapa ula dawa, tapak sapi ciyut
  • Pindhang kileng : sapi nang kandhang, kaki mentheleng
  • Bot ginawa entheng, theng ginawa abot : klobot ginawa entheng, gentheng digawa abot
b). Awujud pepindhan (emper-emperan), tuladha (contoh) :
  • Sega sakepel dirubung tinggi : salak
  • Pitik walik saba kebon : nanas
  • Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong : kates
  • Pitik walik saba meja : sulak, kemoceng
  • Emboke di elus elus anak di idak idak : andha
  • Gajah nguntal sakrah : pawon
  • Kebo bule cancang merang : buntil
c). Awujud plesedan utawa blenderan, tuladha (contoh) :
  • Wong wudunen kuwi sugih pari : pringisan
  • Ora usah mutung. Mutung apa? Mutung kesarung (lutung kasarung)
d). Awujud sinawung ing tembang, tuladha (contoh) :
Bapak pocung cakemu marep mandhuwur,
sabamu ing sendhang,
pencokanmu lambung kering,
prapteng wisma si pocung muntah guwaya
(batangane = klenthing/jun)
Bapak pocung renteng renteng kaya kaliung
dawa kaya ula
pencokanmu wesi miring
sing disaba si pucung mung turut kurha 
(batangane : sepur)

Tembang Pocung

Pucung (ana kalané tinulis pocung) iku tembang macapat kang ngélingaké marang pepati. Pucung cedhak karo tembung pocong. Kaya pralambang mori kanggo mbungkus layon, pucung dienggo tembang kang bisa ngélingaké marang manungsa yèn urip ing ndonya ana pungkasané.
Ananging Pucung uga nduwé watak liya. Pucung iku jenengé wiji woh-wohan. Wanda cung uga marai gawé rasa seger kang ngélingaké marang perkara kang lucu kaya déné isih jaman dikuncung. Tembang iki asring dienggo tembang-tembang kang uga lucu, kayata parikan utawa bedhèkan.
Tembang Pucung mung ana patang gatra (larik) saben pada (bait).
  • 12-u
  • 6 -a
  • 8 -i
  • 12-a
Tuladha
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
setya budya pangekesing dur angkara

Sekar pucung, dadi tamba ati bingung
Panglipuring rasa
Murih yuwana basuki
Marga-marga maweh berkahing Bathara

Semar iku, sugih tangis sugih guyu
Uga sugih utang
Nanging uga sugih dhuwit
Wis kaloka Kyai Semar sugih reka

Geguritan

GEGURITAN

Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugerahan tertamtu. Bebas jumlah larik larik ukara ing saben pada, jumlahe pada, pilihan basa kang digunakake, maksude panggurit ana kang nggunakake purwakanthi kadhang ora migunakake purwakhanti. Geguritan kang migunakake purwakanthi yen dirunngokake luwih kepenak(luwih nges). Supaya luwih cetha wacanen paugerane geguritan.

Paugerane geguritan:

1. Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
2. Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik.
3. Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi sawetra bae.
4. Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lan sapanunggalane.

Langkah Langkah kanggo mahami sawijining geguritan:

1. Wacanen geguritan kanthi permati, yen perlu dibolan baleni.
2. Gatekna hubungan larik ukara, banjur wewehana tandha kanggo munggel (jeda), upamane punggel sauntara wewehana tandha (/) lan kanggo sigeg wewehana tanda (//).
3. Golekna teges tembung tembung kang kok anggep angel, kanthi terus dieling eling, menawa tembung tembung sajarone geguritan bisa duwe teges lugu, entar, bisa uga lambang utawa gegambaran.
4. Perlu digatekaku menawa saben karangan mesthi duwe pesen utawa amanat kang kepingin disampekake marang pamaca.
5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane dadi sedherhana lan gampang dimangerteni.

Sawijining geguritan duwe struktur batin utawa hakekat sing dumadi saka: tema, suasana, nada lan amanat, kang mujudake jiwaning geguritan kang ora bisa dipisahake.

Rangkuman Geguritan:

1. Nada
Nada ing geguritan yaiku sikap batin panganggit, sing arep diekspresiake marang pamaca. Ana nada nuturi, panyaruwe, nyindhir, berontak, meri, drengki, sedhih, kuciwa, benci, bungah, lan sapanunggalane.

2. Suasana
Suasana batin pamaca, akibat sawise maca geguritan.

3. Irama
Irama uga diarani ritme, yaiku salah sijine unsure kang ana gandheng cenenge karo bab bab kang sarwa teratur

4. Pilihan Tembung
Pilihan tembung uga diarani diksi, kanggo ngasilake geguritan kang trep, pangaggit mesthi mikirake pilihan tembung kang mathuk. Dene tembung tembung kang digunakake ana kang duwe teges lugu utawa apa anane (Denotatif), Tembung kang duwe teges entar utawa ora sabenere (konotatif), gambaran utawa pralambang.

5. Tembung entar
Mujudake tembung kang tegese wis owah saka teges kang baku.

6. Pralambang
Pralambang iku kena dianggep kaya dene pasemon. Tembange liya pralampita, wujuding pralambang warna warna, ana kang wujudake gegambaran utawa pepethan, solah bawa barang utawa basa.

7. Purwakhanti
Tembung "purwa tegese wiwitan, ngarep. dene tembung "kanthi tegese kanca, gandheng, karo,nganggo. Purwakanthi kena ditegesi gandheng karo ngarep. Kang dikarepake "purwakanthi" yaiku tetembungan kang runtut karo tembung mburine, ngenani bab swarane, sastra utawa tembunge.

Purwakanthi kena digolongake dadi telu,yaiku:

a. Purwakanthi guru swara
Diarani purwakanthi guru swara, jalaran ing kono tinemu rujukan swara utawa runtuting swara siji lan sijine. Purwakanthi guru swara akeh kanggone, kayata ana ing paribasan, saloka, cangkriman, lelagon, wangsalan, parikan, geguritan, lan rumpakan liyane.

b. Purwakanthi Guru sastra
Manawa purwakanthi guru sastra ing kono sing rujuk sastrane utawa tulisane.

c. Purwakanthi Lumaksita
Tembung "lumaksita" tegese lumaku. ing kene tembung tembung, utawa ukara ing mburi runtut karo tembung tembung ngarepe. Runtuting tembung ora mesthi satembung wutuh, kadhang kala mung saperangan utawa sawanda bae. Mula ukara ukarane uga katon runtut lan sambung sinambung, kepenak dirungokake.

Tembung Lingga Lan Andhahan

TEMBUNG LINGGA LAN ANDHAHAN

1.     Tembung  lingga (kata dasar): Sakabehing  tembung kang durung owah
saka asale.
Tuladha: ajar, sinau, pangan
2.     Tembung andhahan (kata jadian) : tembung kang wis owah saka asale
utawa tembung kang wis oleh tambahan/imbuhan/wuwuhan.
Imbuhan/tambahan/wuwuhane:
Ater-ater wuwuhan kang mapane ana sangarepe tembung lingga
Panambang wuwuhan kang mapane ana saburine tembung lingga
Seselan wuwuhan kang mapane ana tengahing tembung lingga
1.     Oleh ater-ater hanuswara: m (am), n (an), ng (ang), ny (anya)
m + pangan: mangan(tembung andhahan)
n + tulis       : nulis
1.     Oleh ater-ater tripurusa: dak, kok, di
dak + pangan
kok + tulis
di + tulis
1.     Oleh ater-ater liyane: a, ka/ke, pa, pi, pra, tar, sa, pari, kuma, kami,
kapi, ma/me, pan, pam, pang:
ke+ gawa: kegawa, pa +adu: padu, pi + weling: piweling
2.     Oleh seselan : in, er, el, um
in + serat : sinerat
um+ bagus : gumbagus
um + kaki : kumaki/kemaki
1.     Oleh panambang: a, e, i, en, an, ake, aken, ku, mu, ipun, ke, ane: bali + a: balia
2.     Tembung andhahan amarga dirangkep:
–          Dwi lingga wantah: esuk-esuk
–          Dwilingga salin swara: bola-bali
–          Dwipurwa (purwa=wiwitan) yaiku  wandane ngarep dirangkep: tulung: tutulung/tetulung
–          Dwiwasana yaiku wandane mburi dirangkep: cekikik, cengenges, cengingis
–          Dicambor: tembung loro didadekake siji:
Tembung camboran yaiku tembung loro kang beda dianggo bebarengan
nuwuhake teges anyar.
a). camboran wutuh: naga + sari: nagasari(jeneng panganan)
b). Camboran tugel
Camboran tugel kadadeyan saka wanda(suku kata) tembung.
Amarga lara wake mung kari lunglit(balung karo kulit).

Jumat, 23 Oktober 2015

Profil Saya

Saya Siswoyo Guru Bahasa Jawa di SMP N 3 Mranggen
Terimakasih Telah mengunjungi Blog saya, Jangan lupa meninggalkan jejak dengan coret-coret di komentar ya... :)

Kamis, 22 Oktober 2015

Aksara Jawa

Aksara Jawa Lan Pasangane


CARAKAN ( Aksara Urip )
PASANGAN (Aksara Mati )
Aksara  Murda
Angka / Wilangan
Aksara  Swara
Aksara  Rekan
SANDHANGAN
Pada kolom "Pengetikan" itu sbg pedoman JIKA ANDA INGIN MENULIS AKSARA JAWA DENGAN PC ATAU LAPTOP".